|    ULEMAN BAHASA JAWA PERNIKAHAN  |  
|    |  
|    Assalaamu’alaikum   wa rahmatuLlahi wa barakaatuh Nuwun   hawiyosipun serat punika sesulihing badan kawula sowan wonten ing ngarsa   panjenengan sekaliyan. Mbok bilih Gusti Allah angganjar wilujeng ing   samudayanipun, kita badhe gadhah niat ningkahaken yoga kita ingkang nami Putri   Dewi Rarasanta (   Putri Bpk. Surya / Ibu Atmi) pikantuk Sko   Santoso (   Putra Bpk. Burhan / Ibu Sutantri, Purwokerto, Banyumas ) Ugi   hangajab rawuhipun para sutresna, hangestreni   khajat nikah ingkang bade rinakit wonten ing Purwokerto   - Banyumas Lumadi   hing dinten Jemuah   Kliwon kaleres tanggal 29 Desember 2006 wekdal   tabuh kaping 16.00 WIB. Mbok   menawi panjenengan sekaliyan dhangan ing penggalih sarta mboten wonten   alangan saktunggal punapa, kita aturi anyekseni lan angrawuhi kajat lan niat   kita kasebat ing nginggil punika. Awit saking rawuhipun para sutresna,   keparenga kita nelakaken gunging panuwun. Cekap   semanten atur serat ulem punika. Tuhu   langgeng trisno. Akad   nikah rinakit wonten ing dinten lan papan sami, jam 09.00 WIB  |  
|    |  
Home
               ›  Uncategorized
            
                
          
            There is no other posts in this category.
          

Posting Komentar
Posting Komentar