-->

Paribasan Jawi

Paribasan Jawi adalah peribahasa Jawa adalah perumpamaan, kiasan, gambaran sifat, watak, tinngkah laku dan kehidupan manusia dan atau seseorang. Orang jawa dikenal halus budi pekerti dan tutur katanya, sehingga untuk memberi perumpamaan, kiasan atau gambaran watak yang sejelek apapun orang itu, tidak menggunakan gambaran orang tersebut; biasanya menggunakan kiasan atau perumpamaan binatang; diantaranya sebagai berikut :
Paribasan Jawi, Peribahasa dalam bahasa Jawa
Add caption
    • Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
    • Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
    • Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
    • Asu marani gebug = njarag bebaya
    • Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
    • Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
    • Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
    • Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
    • Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
    • Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
    • Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
    •  
    • Paribasa Jawi-Jowo, Peribahasa Dalam bahasa Jawa, Gajah
    • Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
    • Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
    • ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
    • Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
    • Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong cilik sing dadi korban 
    •  Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
      Kerbau, Peribasan Jawi-Jowo, Peribahasa dalam bahasa Jawa
    •  
    • Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
    • Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu
    • Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe
    • Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
    • Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
    • Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
    • Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
    • Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
    • Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.
      Gambar Monyet, Kera, Peribasan Jawi-Jowo, Peribahasa dlm bahasa Jawa
    • Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
    • Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
    • Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa
    • Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
    • Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani
    • Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya.
      Macan, Peribasan Jawi-Jowo, Peribahasa dalam bahasa Jawa
    • Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
    • Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
    • Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
    • Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
    • Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
    • Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane
      Ingin tahu Paribasan yang lebih lengkap? Baca artikel berikut ini :

      Paribasan; Bebasan, Saloka

      Posting Komentar

      Subscribe Our Newsletter