-->

Paribasan; Bebasan, Saloka


Paribasan; Bebasan, Saloka

Paribasan, Bebasan, Saloka
Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.


Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kahanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake. Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
  1. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
  2. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
  3. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
  4. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
  5. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
  6. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
  7. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
  8. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
  9. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
  10. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
  11. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
  12. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
  13. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
  14. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
  15. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
  16. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
  17. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
  18. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
  19. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
  20. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
  21. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
  22. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
  23. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
  24. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
  25. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
  26. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
  27. Asu marani gebug = njarag bebaya
  28. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
  29. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
  30. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
  31. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
  32. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
  33. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
  34. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
  35. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
  36. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
  37. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
  38. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
  39. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
  40. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
  41. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
  42. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
  43. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
  44. Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
  45. Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
  46. Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
  47. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
  48. Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
  49. Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
  50. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
  51. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
  52. Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
  53. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
  54. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
  55. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
  56. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
  57. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
  58. Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
  59. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
  60. Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe
  61. Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
  62. Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
  63. Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
  64. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
  65. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
  66. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
  67. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
  68. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
  69. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
  70. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
  71. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
  72. Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
  73. Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
  74. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
  75. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
  76. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
  77. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh
  78. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
  79. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
  80. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
  81. Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
  82. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani
  83. Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
  84. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
  85. Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
  86. Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
  87. Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
  88. Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
  89. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
  90. Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
  91. Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
  92. Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
  93. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
  94. Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
  95. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
  96. Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
  97. Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
  98. Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
  99. Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng
  100. Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngerti
  101. Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
  102. Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
  103. Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone
  104. Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
  105. Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon
  106. Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi wewadi
  107. Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
  108. Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu nglakoni
  109. Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
  110. Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele
  111. Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa
  112. Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten
  113. Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
  114. Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
  115. Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
  116. Entek jarake = wis entek kasugihane
  117. Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
  118. Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
  119. ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
  120. Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
  121. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong cilik sing dadi korban
  122. Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene
  123. Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong lanang sing nakokake
  124. Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
  125. Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan
  126. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis keturutan
  127. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakon
  128. Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik
  129. Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
  130. Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
  131. Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene
  132. nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas
  133. Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala
  134. Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
  135. Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah
  136. Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjan
  137. Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake
  138. Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan
  139. nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
  140. nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
  141. nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe
  142. Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
  143. Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga tumindak ala
  144. Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
  145. Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
  146. Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
  147. ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
  148. Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
  149. Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
  150. ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah
  151. Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake
  152. Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
  153. Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang
  154. Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni
  155. Idu geni = sakuni-unine kelakon
  156. Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
  157. Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
  158. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
  159. Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
  160. nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis
  161. nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil
  162. nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil
  163. Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan
  164. Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
  165. Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
  166. Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
  167. Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
  168. Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
  169. Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas
  170. nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
  171. Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wedi
  172. Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
  173. nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
  174. nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
  175. Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
  176. Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane
  177. Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
  178. Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
  179. Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
  180. Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
  181. Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
  182. Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
  183. Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu
  184. Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe
  185. Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
  186. Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
  187. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
  188. Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
  189. Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
  190. Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
  191. Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa
  192. Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane
  193. Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
  194. Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
  195. Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
  196. Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekarane
  197. Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
  198. Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
  199. Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
  200. Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
  201. Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane
  202. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)
  203. Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
  204. Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
  205. Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
  206. Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
  207. Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
  208. Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada
  209. Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
  210. Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
  211. Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
  212. Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
  213. Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe
  214. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
  215. Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
  216. Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
  217. Kethek saranggon = grombolane wong ala
  218. Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik
  219. Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho
  220. Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
  221. Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
  222. Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
  223. Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan
  224. Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan
  225. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
  226. Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
  227. Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
  228. Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
  229. Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
  230. Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
  231. Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetep
  232. Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
  233. Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
  234. Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
  235. Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
  236. Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
  237. Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
  238. Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan
  239. Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa
  240. Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
  241. Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
  242. Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
  243. Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani
  244. Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
  245. Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
  246. Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
  247. Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
  248. Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
  249. Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat
  250. Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
  251. Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
  252. Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
  253. Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
  254. Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
  255. Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
  256. Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
  257. Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
  258. Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe
  259. Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan
  260. Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
  261. Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh
  262. Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil
  263. Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
  264. Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
  265. Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
  266. Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
  267. Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng
  268. Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
  269. Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
  270. Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
  271. Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
  272. Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
  273. Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
  274. Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
  275. Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
  276. Meneng kitiran = ora bisa anteng
  277. Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya
  278. Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
  279. Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
  280. Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
  281. Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
  282. Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
  283. Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
  284. Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
  285. Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe
  286. Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
  287. Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
  288. Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
  289. Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
  290. Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
  291. Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
  292. Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
  293. Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
  294. Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
  295. Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
  296. Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
  297. Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
  298. Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe
  299. Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
  300. Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
  301. Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
  302. Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh
  303. Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
  304. Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
  305. Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
  306. Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
  307. Nyolong pethek = luput saka pangira
  308. Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
  309. Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
  310. Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
  311. Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
  312. Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
  313. Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
  314. Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
  315. Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
  316. Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune
  317. Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
  318. Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
  319. Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
  320. Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane
  321. Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
  322. Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
  323. Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot
  324. Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
  325. Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
  326. Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
  327. Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
  328. Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa
  329. Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
  330. Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe
  331. Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
  332. Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala
  333. Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
  334. Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
  335. Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingake
  336. Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane
  337. Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akeh
  338. Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan
  339. Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah
  340. Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
  341. Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasa
  342. Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur
  343. Obor blarak = mung sawetara wae
  344. Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
  345. Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
  346. Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
  347. Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe
  348. Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
  349. Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab
  350. Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala
  351. Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane
  352. Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
  353. Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug
  354. Ora polo ora uteg = bodho banget
  355. Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab
  356. Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara
  357. Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane
  358. Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa
  359. Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
  360. Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak
  361. Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane
  362. Pandhitane antake = laire katon suci batine ala
  363. Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane)
  364. Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
  365. Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya
  366. Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka
  367. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru pangan
  368. Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman
  369. Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen
  370. Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan
  371. Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
  372. Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu
  373. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake
  374. Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong iku
  375. Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele
  376. Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka)
  377. Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
  378. Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane
  379. Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
  380. Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak
  381. Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)
  382. Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate
  383. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh
  384. Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
  385. Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur
  386. Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge
  387. Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen)
  388. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu
  389. Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati
  390. Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
  391. Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane
  392. Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala
  393. Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
  394. Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
  395. Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
  396. Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter
  397. Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane
  398. Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane
  399. Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati
  400. Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene
  401. Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan
  402. Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok
  403. Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-atenane
  404. Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
  405. Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere
  406. Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
  407. Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
  408. Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atine
  409. Timun jinara = prakara gampang banget
  410. Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen kekurangan)
  411. Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
  412. Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
  413. Tunggal banyu – tunggal guru
  414. Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)
  415. Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
  416. Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
  417. Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang diseriki kanca-kancane)
  418. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik
  419. Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate
  420. Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh
  421. Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh
  422. Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan
  423. Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane
  424. Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
  425. Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane
  426. Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan
  427. Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh
  428. Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget
  429. Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
  430. Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
  431. Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug
  432. Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong ketula-tula uripe)
  433. Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
  434. Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
  435. Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane
  436. Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepake
  437. Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa)
  438. Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine
  439. Waras-wiris = sehat
  440. Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji
  441. Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane
  442. Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
  443. Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
  444. Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya kang ala pakartine
  445. Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim
  446. Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru
Sumber:  sastra-jawa007.blogspot.com

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter