-->

UNDANGAN WALIMATUL ‘URS BAHASA JAWA


CONTOH SURAT UNDANGAN WALIMATUL ‘URS
BAHASA JAWA



IJAB QABUL LAN WALIMATUNNIKAH
KELUARGI BAPAK SALIM RIDLO – IBU MULYANINGSIH
Mapan Ing Purwokerto Banyumas Jawa Tengah




Undangan

Mugi Katur Panjenenganipun
: Bpk./Ibu/Sdr. ...........................

: Wonten Ing Palenggahan

Assalamu’alaikum. Wr. Wb.

Bismillahirrohmaanirrohim
Nuwun. Hawiyosipun serat punika sesulihing badan kawula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sekaliyan.
Mbok bilih Gusti Allah SWT hangganjar wilujeng ing samudayanipun, kula sebrayat badhe hanggadhahi niat ningkahaken yoga kula ingkang nami, Putri Rarasanta  binti Salim Ridlo pikantuk, Angger Ibnu Salim bin Suryamenggala
Ugi hangajab rawuhipun para sutresna, hangestreni khajat nikah ingkang bade rinakit mbenjang ing,

Dinten
: Rebo Pon
Suryo Kaping
: 26 September 2012
Wanci
: Tabuh 20.00 wekdal iring kilen – sak bibaripun
Panggenan
: Griyo Kulo Bapak ............................................
Wigatosing Atur
: Ijab Qabul Katerasaken Pengaosan

Mbok menawi panjenengan sekaliyan wonten dhanganing penggalih sarta mboten pikantuk alangan sak tunggal punapa, kula aturi anyekseni lan angrawuhi khajat lan niat kula kasebat. Awit saking rawuhipun para sutresna, keparenga kula nelak aken agunging panuwun.

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Asih tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin.

Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.

Purwokerto, 26 September 2012

Atur Taklim Kawulo
Kulawarga Bapak lan Ibu Salim Ridlo Purwokerto

Kulawarga Bapak lan Ibu Suryamenggala Cirebon


There is no other posts in this category.

Posting Komentar

Subscribe Our Newsletter